Wong Ndesa Tapi Ngaya Ngota

Dusun Karangnangka-Kaya biasane angger wong desa pada mranto nang kana-kana angger wis sue mesti pengin bali tilik keluarga neng kampung. Bali numpak sepur utawa numpak bis medun nang terminal apa stapsiun kue umume wong desa sing bali sekang kana-kana saba paran kaya sekang Jakarta,Bandung,Surabaya lan kota-kota gede liane.

Umume wong-wong utawa bocah-bocah enom tanggung tekane mesti ngawa olih-olihe pating karntul ora karuwan. Tas mesti gede-gede, durung tas-tas kresek, adat sing uwis ya gede-gede turan ya katon barang sing abot-abot. Nyatane saetahun sepisan bali nang Jowo ya ora ketang klambi siji mesti merlokna ngolih-olihi nggo sibiyung karo sirama, banjutan nggo adi-adine utawa kakang mbekayune kuwe biasane kaya kuwe.

Mangga numpak becak mawon, mba ! Kaki Darso tukang becak sing mangkal nang terminal nawani sewujining bocah wadon umur-umuran antara 20-25 tahun sing lagi njagong nang bangku nunggoni gawane sing akeh nemen. Ajeng teng pundi si? Teng Pabuaran napa teng Kober ?

Eh, nggomong ape bang? Semaure bocah wadon kuwe ing semu kayong ora ngerti omongane tukang becak kaki Darso kuwe, aye udah sulit deh ngomong Jawa tadi abang ngomong apa? Anu mbok mau naik becak, kaki Darso semaur karo medegel. Nang batin kaki Darso misuh-misuh. Biangane dadi babu nang Jakarta nembe telung wulan bae gole ngomong digawe-gawe badeol. Huuh sombong, mbecak saja mba kaki Darso mbileni gari tawa.

(Dibaca total 148 kali, dibaca 1 kali hari ini)